Legenda Gunung Kelud
Waota….
Ing kerajaan majapahit kang gemah
ripah loh jinawi, tata tentrem kelawan kerta raharja. Sajroning pasewakan ing
siti inggil kraton majapahit sang prabu brawijaya kahadep putri nipun ingkang
sulistiyo ing warni lan para prajurit ipun.
Putri pusparini ingkang sulistiyo
warni mahanani kathah para taruna saking njaban rangkah ingkang pingin
ngayunaken sang putri. Ananing manah sang prabu brawijaya mandeg mangu, amargi
sang prabu mboten purun kadadosan derdah saking panolak ing sang putri. Mula
saking menika sang prabu brawijaya ngawontenaken sayembara, sok sinteno ingkang
saget menthang gendewa sakti kyai garudayeksa lan ngangkat gong kyai
sakerdelima inggih menika ingkang dados garwanipun sang putri.
Sang
prabu : “ Putriku angger pusparini
kepriye?, opo wis sumadya anggoniro angadepi sayembara ?”
Putri : “ Saderengipun kula ngaturaken sembah rama. Ngenani bab
sayembara dalem namong nyadhong dhawuhipun rama.”
Sang
prabu : “ iyo, sembahmu tak tompo. yo…mugo-mugo
sayembara mengko kalakon kanthi rancak , ora ana rubedo.”
Sang
prabu : “ Iki ono pawongan telu
ngadep ing ngarsaku,opo iyo arep melu ngleboni sayembara kisanak ?”
Taruna
1 : “ Inggih sinuwun sadereng ipun,
kula ngaturaken sembah. Nami kula joko lola saking negri sabrang. Kula bade mupu
sayembara.”
Taruna
2 : “ Kula semanten ugi sinuwun
sederengipun kula ngaturaken sembah. Nami kula raden asmoro. Kula inggih nderek
sayembara.”
Taruna
3 : “ Kula inggih sinuwun
sadereng ipun, kula ngaturaken sembah. Nami kula raden kusuma. Kula badhe nderek
sayembara.”
Sang
prabu : “ iyo, yen ngono mboko siji
majuo ing sangareping gendewo lan gong sigro. laksanakno amenthang gendewa lan ngangkat
gong.”
Taruna
1 : “ inggih sinuwun ngestoaken
dhawuh.” (mlampah dhateng ngajeng. Menthang gendewa nanging mboten saget)
Taruna
2 : “ Nyuwun palilah sinuwun
mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara menika.” ( mlampah dhateng ngajeng
. Menthang gendewa sasampunipun dilanjutaken ngangkat gong
nanging mboten kuat )
Taruna
3 : “ sinuwun ngestoaken dhawuh ,
mugi-mugi kula saget ngrampungi sayembara menika (mlampah dhateng ngajeng
. Menthang gendewa nanging mboten kuat )
Sang
prabu : “ Sarekne sayembara ora ono
kang bisa ngrampungi, sayembara enggal ingsun wusanani”
Sesarengan kalian sabdanipun sang
prabu, repepeh-repepeh lembu suro sowan ngarsanipun sang prabu, badhe nderek
mupu sayembara.
Lembu
suro : “Nuwun sewu sinuwun lepat
nyuwun pangapuro. Kula pun lembu suro badhe mupu sayembara.”
Sang
Prabu : “Jenengmu lembu suro?! Awakmu
menungsa sirahmu lembu, opo bisa kowe mupu sayembara?”
Lembu
suro : “ Menawi gusti ingkang murbeg
dumadi, angidinaken paminto kula mbok menawi kula saget angrampungi sayembara.”
Sang
Prabu : “ Yen ngono enggal laksanakno
sayemabra kisanak.”
Lembu
suro : “ Sendiko ngestoaken dhawuh
sinuwun ( mlampah wonten ngajeng anyedaki panggenan gendewa kalian gong )
Lembu sura saget menthang aken
gendewa lan ngangkat gong kaya mboten wonten beban. Sareh ne lembu sura saget
ngrampungi sayembara, lembu suro nggadhi hak anggarwo dewi pusparini. Suasano
ing kaputren, sang putri tansah muwun amargi sang putri mboten purun kagarwo
dining lembu suro.
Emban
: “ Ndoro putri sampun dipun
galih sanget-sanget. Mangke mindak badanipun kero anjalari sakit.”
Putri : “ mbok emban kepriye anggonku
anglakoni digarwo dining lembu suro sin ora umum kaya sa’dengahe manungsa. Mbok
emban aku njaluk eguh pratikelmu, kepriye amprih aku ora digarwo
dining lembu suro? Coba pikirno, kepriye pratikelmu mbok emban?
Emban : “ Nyuwun sewu gusti, menawi
pamikiran kula mekaten, panjenenga kedah anggadahi setunggal panyuwun ingkang
aurat damatheng lembu suro.”
Putri : “ Lha iyo mbok emban kira-kira
opo panyuwunku mengko?”
Emban : “ Eguh pratikel kula pripun menawi
lembu suro dipun kengken ndamel sumur wonten ing puncake gunung
kelud.”
Putri
: “ Iyo yen ngono mbok
emban, mengko yen lembu suro mlebu ing kaputren tak jalukane bebono sing kaya mbok emban
aturaken.
Salebete wawan rembag antawis gusti
putri kaliyan mbok emban, mboten ka nyono-nyono lembu sura mlebet kaputren
saperlu sapejagong kalian gusti putri.
Lembu
suro : “ Di ajeng pusparini garwanipun
kakang, kepriye janjimu ? aku mrene arep nagih janjimu yayi ?
Putri : “ Iyo lembu suro aku gelem dadi
garwamu nanging aku njaluk panyuwun marang sliramu.”
Lembu
sura : “ Iyo yayi panjalukmu opo ?
enggal kondho mengko enggak kula laksanani.
Putri : “ Yen sliramu biso gawe sumur
ing puncake gunung kelud sajroning sewengi, aku gelem dadi garwomu, lembu
suro.
Lembu
suro : “ Opo nggawe sumur iku kudu ana
ing puncake gunung kelud ? opo ora ono papan seng cedak sakiwo tengen
kene wae ?
Putri
: “ Ora lembu suro , aku
wes mantep njaluk digawekne sumur ing puncake gunung kelud , mbesok samongsa awake dewe
diresmek ake dadi temanten bisa ados bareng neng sumur seng
kok gawe kuwi.
Lembu
sura : “ Yen penjalukmu koyo mengkono
ojo kuatir diajeng, bakal tak turuti panjalukmu mugo-mugo biso ngelaksanani
panjalukmu.
Sasampunipun lembu suro angerteni
panyuwunipun gusti putri sigro milar saking kaputren terus bablas. Mlajeng ing
sapuncaking gunung kelud sareng kluarga sang prabu brawijaya. Dumugi ing gunung
kelud , lembu suro nggina’aken sungu nipun kangge ngeduk siti ingkang badhe
damel sumur. Sak antawis dangu lembu suro sampun mboten ketingal saking
pinggire sumur. Dados lembu suro sampun tebih mlebet wonten sajroning sumur.
Ningali kedadean menika putri pusparini tansoyo kuatir. Menawi lembu suro saget
minangkani pamundhutipun. Sang putri nyuwun dhumatheng rama nipun inggal
laksanakaken tumindak, supados lembu suro saget gagal anggarwo putri pusparini.
Putri
: “ rama .. pripun kahanan lembu suro kok saget ndamel sumur ?
mugio rama gadah pratikel kados pundi cara nipun amprih
lembu suro mboten saget anggarwo kula.
Sang
prabu : ” ya nini.. aku ngerti
karepmu lan mengko dhisik tak mikir kepriye cara ne iki ?
Sang prabu ketawis gugup lan mandeg
mangu, menggalih kadospundi cara nipun lembu suro mboten saget anggarwo
putrinipun
Sang
prabu : “ he… kabeh prajuritku wae
podho siyaga . dina iki ana perintah kudu sigro dilaksanakne yaiku nguruk sumur
kanggo watu lan lemah ing sak kiwo tengen e sumur, ojo katalumpen. saiko ugo
laksanakno sampek sumur kebak watu lan lemah.
Prajurit : “ inggih sinuwun nggestoaken
dhawuh.”
Sedoyo prajurit ngelaksanakaken
printah sinuwun nguruk sumur kalian selo lan siti . saking lebet sumur kepireng
sambate lembu suro.
Lembu
suro : “ tulung…tulung… tulung …ojo di
uruk aku ana jerone sumur iki.
Para prajurit mboten anggatek aken
sambat e lembu suro . para prajurit terus nguruk sampe sumur kebak selo lan
siti. Senaoso lembu suro ka uruk sajroning sumur ananging, suwanten nipun tasih
kepireng saking njawi sumur lan lembu suro murka ngantos ngedalaken sumpah
kangge prabu brawijaya lan sedaya kawula nipun amargi cuwo penggalih ipun lembu
suro.
Lembu
suro : “ hey.., brawiyaya mbesok bakal
kepethuk piwalesku kang makaping kaping. Yaiku Kediri bakal dadi kali, blitar
dadi latar, tulungagung dadi kedung.”
Sajroning sumpahe lembu suro saben
kaleh windu sepisan bakal ngerisak sedaya wewengkon kerajaan prabu brawijaya.
sang
prabu : “ para kawula ku kabeh lembu
suro wes sumpah arep ngerusak wewengkon kita kabeh, mula saka iku ayo kabeh wae
nyuwun pandonga marang gusti kang murbeng dumadi supaya bumi nuswantara kita
tetep gimah ripah loh jinawi ora ono alangan sawiji opo.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar